DEWI DURGANDINI atmajane Prabu Basuparicara. Sang Dewi uga peparab Ratu Amis awit dadi anak angkate Kaki Dasabala juru misaya mina ing kali Jamuna. Nembe sawatara candra wis kacarita sawise diusadani dening Begawan Parasara gandane kang maune amis dadi wangi, njur kaparingan asma Dewi Sayojanagandhi. Nadyan paraga siji nanging lakone dawa, mangka aken lelakone Sang Dewi kang perlu cinaritakake, mula bakal katur lelakon candhake kang luwih wigati ing atase putri kang nerusake darahing para leluhure Kurawa lan Pandhawa.
Dewi Sayojanagandhi sawise nglairake Sang Dwipayana, ora banjur diulihake marang Kaki Dasabala, nanging ndherek mentas menyang dharatan kanthi ngemban bayi Wiyasa. Nuli manjing ing alas Kurujanggala. Ana ing kono Begawan Parasara nerusake anggone nggentur tapa muja semadi. Saka wantering pamuja, sanalika ing alas Kurujanggala makjenggeleg dadi negara, nuli diarani negara Kurujanggala., Astina, Gajahoya, jangkep dalasan kedhaton saubarampene pisan, para nayaka lan para wadyabala. Begawan Parasara jumeneng ratu ing Negara Kurujanggala ajejuluk Prabu Dipakeswara, patihe apeparab Rekyana Patih Andakawana, Si prameswarine Dewi Sayojanagandhi, Sugandini, Gandawati, ya Dewi Setyawati.
Kacarita lagi antuk sawatera warsa anggone jumeneng narendra ing Kurujanggala, Prabu Dipakeswara karawuhan Pandhita ing Talkandha asma Begawan Sentanu. Rawuhe ing Kurujanggala karo ngemban jabang bayi Dewabrata. Sang Begawan mentas kasedan garwahe yaiku Dewi Gangga (seda nalika nglairake).
Amarga sulaya ing rembug, Prabu Dipakeswara banjur pancakara lumawan Begawan Sentanu. Perange pirahg-pirang dina ora ana kang kalah utawa menang nganti nukulake gara-gara. Ponang gara-gara nganti sumundhul ing Kahyangan. Salendrabawana. Sanghyang Bathara Narada misah kang padha andon yuda.
“Pragenjong-pragenjong waru dhoyong ditegor nguwong, yen buntu alu sempronge bolong, dhasar sing wedok ayu moblong-moblong. Mengko ta kaki Sentanu apadene sira kaki Prabu Dipakeswara. Ulun ngemban dhawuhing Sang Hyang Giripati andikakake misah sira sakarone. Sawuse mendha anggonira andon yuda, dhawuhe pukulun Bathara Guru mangkene. Kakang Resi Kaneka putra ndika dhawuhaken dhateng Kaki Prabu Dipakeswara supados ngrilakaken Dewi Sayojanagandhi lan nagari Kurujanggala sakaprabonipun. Wondene Dewi SUgandhini lan Nagari Ngastina supados kaparingaken dhumateng Begawan Sentanu. Wondene Begawan Parasara lan Kaki Kresna Dwipayana kadhawuhan wangsul wonten ing pratapan Saptarengga nglajengaken kasutapanipun. Mangkono kaki dhawuhe Sang Hyang Giripati marang ulun tumanduk marang sira kekarone.”
Sang parasara ngestokake dhawuhing jawata lan nedya mbacutake nggone tapa brata, tumuli oncat saka Negara Kurujanggala kanthi ngemban jabang bayi Wiyasa tumuju marang pertapan Saptaarga. Sapungkure Bathara Narada lan Sang Parasara, Sang Sentanu nuli jumeneng nata ing Negara Ngastina lan nggarwa Dewi Sayojanagandhi, banjur duwe kewajiban nggulawenthah Dewabrata. Mung ana panyuwune Dewi Durgandini, mbesuk yen kagungan putra kakung supaya dijumenengake ratu gumanti angrenggani Negara Ngastina. Panyuwun mau disaguhi dening Sang Sentanu. Sabanjure Sang Sentanu anggone nggarwa Dewi Durgandini kagungan putra kakung loro, Citragada lan Citrasena (Wicitrawirya).
Kacarita sasedane Prabu Sentanu, Sang Citragada dijumenengake ratu dening Dewabrata saka dhawuh pamrayogane Dewi Durgandhini. Prabu Citragada yuswane ora pati dawa, jalaran kaperjaya dening retuning gandarwa kang apeparab Prabu Citragada. Amarga madhani asmane sang gandarwa raja, temah dadi pasulayan, kang wusanane Prabu Citragada kadange Sang Bhisma gugur jroning adu kadigdayan lan kanuragan. Dicaritakake anggone bandayuda nganti telung sasi.
Ing sasedane Prabu Citragada, amarga Sang Prabu durung peputra, mandar nambut silaning akrama wae durung, kang gumanti jumeneng kaprabon ing Negara Ngastina Sang Citrawirya. Rehne Sang Citrawirya durung palakrama, Sang Bhisma tansah kulak warta, ing ngendi ana raja putrid kang pantes dadi prameswrine sang prabu. Kebeneran nalika semana ing Negara Kasi ana sayembara nganakake sayembara kanggo malakramakakke putri telu: Dewi Amba, Ambika, lan Ambalika, Sang Bhisma ngleboni sayembara Kasi , kang wusanane bisa mboyong putri telu mau menyang Negara Ngastina. Putri kang tuwa dhewe, Dewi Amba, matur marang Sang Bhisma, yen sabenere dheweke wis pacangan karo Prabu Salwa ratu ing Negara Soba. Sang Bhisma marengake, mulane Dewi Ambika lan Ambalika nuli kadhaupake karo Prabu Citrawirya awit saka palilahe Dewi Durgandhini uga Sang Bhisma. Dadi, sawuse nemahi lelakon kang warna-warna mau Dewi Durgandhini isih tetep setya angembani angemong para putra-putrane kang padha jumeneng narendra ing Negara Ngastina.
Showing posts with label Prabu Sentanu. Show all posts
Showing posts with label Prabu Sentanu. Show all posts
Saturday, December 5, 2009
Prabu Sentanu (1) - Moel
Prabu Sentanu memanggil Dewabrata dan menceritakan tentang ibunya. Ibu Dewabrata bernama Dewi Ganggawati. Dewi Ganggawati dihukum untuk turun ke bumi karena pada saat pisowanan agung bajunya tersibak tertiup angina. Hal itu mengganggu para dewa yang juga hadir dalam pisowanan agung tersebut. Sesampainya di bumi, Ganggawati bertemu dengan 8 wasu. Kedelapan wasu tersebut karena telah berbuat tidak sopan kepada sang guru sehingga mereka diusir. Untuk itu mereka memohon bantuan kepada Dewi Ganggawati. Karena kasihan, Dewi Ganggawati bersedia membantu mereka. Ganggawati akan melahirkan mereka kembali secara berurutan setelah ia mendapatkan suami. Para wasu gembira mendengar kata-kata Ganggawati dan berterima kasih padanya.
Ganggawati bertemu dengan Prabu Sentanu di sungai Gangga. Pada saat itu juga Prabu Sentanu melamarnya. Dewi Ganggawati menerimanya asal Prabu Sentanu tidak menanyakan asal usulnya dan tidak menegur perbuatannya. Prabu Sentanu menyanggupinya. Setelah menjadi sepasang suami istri, Prabu Sentanu melihat Ganggawati membuang bayi yang baru saja dilahirkannya. Setelah bayi yang kedelapan, Prabu Sentanu tidak tahan lagi. Saat bayi kesembilan digendong Ganggawati, Prabu Sentanu menghadangnya dan mencegahnya dengan nada tinggi. Ganggawati terkejut dan menjelaskan semuanya. Karena Prabu Sentanu telah mengingkari janji, Dewi Ganggawati meninggalkannya.
Prabu Sentanu meminta maaf kepada Dewabrata karena telah membuatnya terpisah dari ibunya dan kehilangan tahta kerajaan. Meskipun yakin bahwa ayahandanya tisak bersalah, Dewabrata memaafkannya.
bersambung
Ganggawati bertemu dengan Prabu Sentanu di sungai Gangga. Pada saat itu juga Prabu Sentanu melamarnya. Dewi Ganggawati menerimanya asal Prabu Sentanu tidak menanyakan asal usulnya dan tidak menegur perbuatannya. Prabu Sentanu menyanggupinya. Setelah menjadi sepasang suami istri, Prabu Sentanu melihat Ganggawati membuang bayi yang baru saja dilahirkannya. Setelah bayi yang kedelapan, Prabu Sentanu tidak tahan lagi. Saat bayi kesembilan digendong Ganggawati, Prabu Sentanu menghadangnya dan mencegahnya dengan nada tinggi. Ganggawati terkejut dan menjelaskan semuanya. Karena Prabu Sentanu telah mengingkari janji, Dewi Ganggawati meninggalkannya.
Prabu Sentanu meminta maaf kepada Dewabrata karena telah membuatnya terpisah dari ibunya dan kehilangan tahta kerajaan. Meskipun yakin bahwa ayahandanya tisak bersalah, Dewabrata memaafkannya.
bersambung
Subscribe to:
Posts (Atom)